Pisahan Karo Bojo

Desember 29, 2007

Pisahan karo bojo temenan nggawe nglangut. Kaya ra nduwe gawean. Coba ana bojo, ra gaweane akeh, ya ra? Iya. Lha ra ana bojo, ra rame. Ora ana sing nesu. Ora ana sing mesem. Ora ana sing nambahi gawean. Ora ana sing ngesun. Ora ana sing mijet. Ora ana kanca padu. Ora ana kanca gelut.

Bojo kuwe garwa alias ’sigaraning nyawa’. Mangkane nek pisahan marekna dadi kaya wong gemblung. Lha nyawane mung separo. Mikire ya ora trap. Miring. Mandan suwung. Apa maning nek ngerti garwa kuwe singkatan “ketemuning sing sigar karo sing dawa”.. Halah temenan mbok, tambah gemblung. Uwis bubar.. bubar..

Tags:

Tinggalkan Balasan