Alhamdulillah, bisa njajal ngeblog. Seumur-umur dadi wong kuper (kurang pergaulan) lan gaptek (gagap teknologi), kok ya tahan. Ndelok kanca-kanca pada nduwe blog, kok ya dadi kepengin. Mbiyen dak pikir-pikir ngeblog ki ya kancane “goblog” kae. “Go” kuwi artine “lunga”. “Blog” ya “blog”. Punten lo mas-mas seleblog. Lha seleblog top mas Enda bae jeneng’e bloge ya Goblog kok.
Lha ngeblog kuwe jebule ya pegawean to? Lha ana Dasbor, ana Tulis, ana Kelola, nek di-klik ana maning pilihane. Nek diklik pilihane ya ana maning. Lha kok dadi akeh?
Kiye kudu milih tampilan. Kabeh apik-apik. Ning kok kayane tau weruh sing modele kaya kuwe ya? Lha iya wong gratisan kok ya? Aku milih “White as Milk”. Jarene “A very minimal two-column theme for those who love dairy.” Wah kok cocok? Pokoke sing minimal-minimal ki cocok. Wong uteke ya minimal. Trus sing seneng karo gudang susu (who love dairy). Lha apa maning kiye? Wis lah pokoke cocok. Ngombe susu rak mesti kasile dadi apik-apik.
Lha kae kok wis ana tulisan ‘Halo dunia!’. Jarene “Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!” Ha piye iki.. Edit utawa delete? Waduh.., ngedit mengko dadi salah, wong inyong ra dong basa Inggris. Ndelet kok ya kurang ngajar.., wong wis digawekna apik-apik. Halah wis dijarne baen lah..